Thursday, January 24, 2013

CANDI PRAMBANAN


Candi Rara Jonggrong utawa kang luwih kondang kasebut Candi Prambanan sejatine yaiku candi Hindu kang ukurane paling gedhe ora mung ing wilayah Indonesia nanging uga paling gedhe ing wilayah Asia Tenggara.

Candi kang duwur bangunan utamane kurang luwih 47m iki manggon nang perbatasan Propinsi Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta. Tepate ing wilayah Kabupaten Sl;eman, Yogyakarta lan Kabupaten Klaten, Jawa Tengah, kabangun tahun 850 M ing jaman pemerentahane Nalendra Rakai Pikatan lan Rakai Balitung

Candi Roro Jonggrang duweni 8 candi utama lan ana luwih saka 250 candi kang ukurane luwih cilik.

Ana 3 candi utama kang kasebut kanti istilah Trisakti, kang kapersembahake dumateng Sang Hyang Trimurti. Yaiku Batara Siwa, Batara Wisnu lan Batara Brahma. Telu candi utama iki uga duweni candi pendamping kang madep ana sisih kulon, yaiku Nandini pendamping kanggo Siwa, Angsa kanggo Brahma lan Garuda kanggo Wisnu. Kajaba iku isih ana 2 candi apit, 4 candi kelir lan 4 candi sudut.

Candi Siwa kang ukurane paling gedhe duweni 4 ruangan. Salah siji ruang utamane kaisi arca Siwa, dene 3 rungan liyane kaisi arca Durga ( garwa Siwa ), Agastya ( Guru Siwa ) lan Ganesha ( Putra Siwa ). Yo arca Durga iki mono kang saiki tumrap warga sekitar candi luwih kondang kasebut kanti jeneng Arca Roro Jonggrang

Candi Prambanan iku uga duweni relief candi kang gambarke carita kisah Ramayana. Ana uga relief Kalpataru kang menurut para ahli menawa relief Kalpataru iki gambarake sejatine warga masyarakat ing abad 9 iki wis duweni semangat lan keprigelan tumrap babagan ngelola lan nglestarike lingkungan hidup.

Isih akeh babagan apik liyane tumrape Candi Prambanan iki. Supaya luwih jelas lan gamblang, kanggo panjenengan ingkang durung nate mirsani Candi Prambanan saka cedak, monggo enggal-enggala tindak dateng Prambanan ,……. e ben ora diarani ketinggalan jaman toh.

0 comments:

Post a Comment

Template by:

Free Blog Templates